Minggu, 24 April 2016
Opo Jare (apa katanya...)
Opo Jare . . . ,
Sesaat aku teringat ngendikanne Mbah Putri: "Opo jare..".
Nglakoni gesang kui ojo ndhangak terus Le, delokken sing ngisor, ngarep karo sebelahmu...mengko ndak marai tibo..benjut sirahmu, lara.
Nglakoni gesang kui sing setiti lan ati-ati yo Le, tansah eling Gusti kang gawe gesang, ojo lena marang dunyo...ning dunyo kui mung sedelo, mung mampir ngombe...lek kurang..ngelak,lek kakehan pelempoken...dadi sak cukuppe ae yo Le.
Nglakoni gesang kui sering-sering ngewehi, ojo mung nyuwun ae...Gusti kui ora sare, kowe diparingi yo dibagi karo liyane..ojo kemaruk lan nggragas...lek dijaluk Gusti sak sliramu...opo sangumu Le.
Kulo matuuuur nuwun sanget damel Mbah Kakung-Putri, Ibu Bapak, Pak De Bu De, Pak Lik Bu Lik, kalihan sederek-sederek, rencang-rencang..ingkang tansah maringi wejangan dhateng kulo..ingkang ndadosaken kulo kados punika...mugi-mugi tansah diparingi sehat kalihan keslametan dumugi Gusti ALLAH SWT...aaamiiiiin.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)

Eyang gesang sampun sedo pak...
BalasHapusHahaa...leres kanthi sanget Bu Ros#edisigagalpahamnih...
HapusAku kok sudah tidak njowo lagi yo..
BalasHapusRodok kesleo ilatku moco kwi Tro..